Background Maker Versi "Mbanyumasan"

Huakakakaakakakaka.......... Posting kie khusus nggo bocah - bocah "BRALINGMASCAKEB" utawanE Banjarnegara, Purbalingga, Banyumas, Cilacap, Kebumen,.... Anu mung ngotak atik software Background Maker sing wis ana ning pasaran. Asline nganggo bahasa inggris, tapi masa anu biasa mangan boled bae sok bahasa inggrisan, dadi inyong kepengin sekali - kali ngganti nganggo bahasa jawa mbanyumasan.


Jane kabeh fasilitas, sekang gawe background nggo folder, gawe warna tulisan file ning folder, pokoke sekabehane pada karo asline. Cara ngnggone bae gampang banget. Ora perlu pinter - pinter banget masalah komputer (bayi turu bae teyeng). Tapi kayane cuman bisa di nggo ning Windows, nec sing nganggo mac apa linux, kayane urung lho. Gampanglah mengko nek wis nemu carane, tak gawekna.

Ora sah kakean bacot,.. Langsung bae sing minat gari DI PEJET KIE TULISAN....

"Kepriwe tempe arep ora diaku - aku wong jepang nek cah indonesia pada kesengsem nggoleti hamburger,.........
"Kepriwe wayang arep ora diaku - aku wong landa nek bocah - bocah indonesia lewih seneng teater romeo julibet,.........
"Kepriwe batik arep ora diaku ning tanggane dewek nek bocah - bocah negri kie lewih seneng nganggo bilangdong, rusty,.........
"Kapan Negri kie arep deregani nek bocahane sok globalisasi, lewih sering ngomong sory dari pada maap apa pangapura, lewih keren i lope yu dari pada aku cinta kamu apa aku seneng rika..........

"Bangsa sing bisa diregani ning era gombalisasi eh globalisasi kue bangsa sing bisa nunjukna karakter karo jati diri ora mung sok melu2 gaul.... pokoke SOK asal british...."

huakakakakakakakaak........ matur nuwun sedulur.... wis gelem niliki tulisanku....

2 comments:

pramika author said...

kampreeeeeeeeettt!!!! apik apik!! heh mbok nyong diwaraih ngutak nagtike ben mangane tempe tapi kwalitas nomer wahid...hahahaha

Bram Madya said...

lah ndesa kowe dan lah... masa kaya kuwe ra ngerti....
wakakakakaka.....

Post a Comment

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | SharePoint Demo